Senin, 10 September 2012

KONANG

Slide 6

Ing kahanan padhang , lan rame alune bebrayan
Bebrayan kang kesel , ngingkel-ingkel kabutuhan
drajat  lan gebyare kadonyan ,
sira Konang ora kadenangan
 
Pindha bumi lan langit , lamun sira semanding
Semanding para Lintang kang abyor ing tawang
Para Lintang  ingkang kasinungan BIMA kang SAKTI ,
lan lintang Pancering  Keblat  lor lan kidulipun jalmi
 
Kaya  bumi lan langit , lamun sira tinandhing
Ing cakrawala kang tanpa tepi , sang Kartika pamer raga lan cahya
sira Konang , ing pategalan lan papan kang kiwa lan sepi, sira
lelana lan ngulandara , angupaya daya lan anggelar rasa
 
Anggelar rasa
lan padhange raga kang amung sa-mrica
Angupaya daya, murih tetep urip kagunganmu raga-rasa-lan-cahya
ngrumangsanana
 
Maguwoharjo ,  21 Mei 2010 

Selasa, 28 Agustus 2012



KAPIRANGU


SIMA  LAWU , njegegrek agung dhuwur
Kendel ambisu setya nunggu tekaku
Ginambar lenggah ‘ cahya biru-jeru ‘  ing manik netraku

Nanging tumekeng Tawangmangu  ‘kandheg ing lakuku’
kaendheg laku cipta sedyaku , kaendheg jumangkahe sukuku 
Kaendheg kemlawene astaku , cep-klakep kedale lathiku

Ing Tawangmangu , mangu-mangu  ‘aku kapirangu’
Apa iya anganthi ‘badan sejati’  kang kesel , abot kebak gawan lan gaman
Apa iya ‘raga’ kang kebak ala lan sukerta ….. anerus laku

Ing Tawangmangu , mangu-mangu  ‘aku kapirangu’
Apa ora malah ‘duka lan memala’ kang bakal tinemu
bebarengan lan dadi wohing lakuku….. menawa aku anerus laku

Duren ‘apa kudu leren’
ing madyane swasana kang kebak sedya,
Apa anyimpang marga , anuruti ‘pambisik liya sedya’ kang durung pana lan cetha

Ing Tawangmangu wayah bengi , mangu-mangu  ‘aku kapirangu’
Pucuk LAWU jegegrek  regemeng  ‘ireng-peteng’  kapangku tawang kang kebak lintang
Pucuk landhep Cemara ‘sewu’ godha-pangrancana
ngadhang-memalang ing laku panyawangku

Ngayogyakarta , 1 september 2011



Gurit  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta


Sabtu, 18 Agustus 2012

WADHAH lan ISI

pangripta : Panji Asmara Kesuma

BANYU  lagi bisa miguna nyukupi ‘sedya’ kebutuhane para manungsa , menawa kawadhahan ing wadah kang murwat karo keperluan ‘sedyane’ ; lan wadhahe kudu utuh ‘ora bolong - ora benthet ‘ supaya banyu ora mlayu metu  saka wadhah , saengga pambudi-daya ora muspra lan katekan sedyane.

Kanggo adus banyu kawadhahan ana ing bak (jedhing) , ing ember banyu kawadhahi kanggo nyuci pakaian lan isah-isah prabot dhapur ; menawa dikersakake  ‘banyu mateng’ banyu  diwadhahi ana ing kwali , ceret , utawa panci nuli di ‘godhog-kemawah-umob’ supaya rereged lan penyakit mati  sadurunge diunjuk.

Mestine wadhah – wadhah banyu kasebut , kalebu wadhah banyu mateng (teko, gelas wedang kopi, lspne) ‘mapan’ ing papan kang samestine, contone : gelas isi wedang kopi mapan ana meja, ember isi banyu kanggo umbah-umbah mapan ing papan cucian.

‘Isi – Wadhah – Papan’ trep manunggal nyawiji nut kabutuhan  lan kaper-luane ,  ‘anyukupi’ sedyane sang sedya ; sang Papan Sejati nyediani palenggahan kagem sang Wadhah Sejati kang dadi palenggahane sang ISI (tanpa tembung sejati) , tembung ‘sejati’ amarga ana lan kasat ing netra , dene  ‘banyu resik’  (kang dadi isi) kasat ing paningal momot ‘daya - prabawa angresiki lan nye -nyuci’.

Momot ‘daya-prabawa angresiki lan nyenyuci’ kita raosaken menawi mbo-ten sumadia toya resik utawi ingkang wonten toya ingkang radi reged (kejawi kepeksa) anjalari pupus sedyanipun sang Sedya ‘reresik pakaian lan prabot dhapur’, pupus sedya siram  ‘sesuci Raga Sejati’.

Menawa isi – wadhah – papan  ‘gothang ora kecukupan salah sawiji’ sang Sedya tetep ‘bisa mlaku’ nanging  ‘mlaku samlaku-mlakune’ niskara bisa lumaku kanthi samestine  ‘sun sedya tumeka – sun cipta dadi’. ‘papan–wadhah’ manunggal nyawiji

‘Banyu udan’ menawa ora ana pawongan kang anadhahi/amadhahi  utawa katadhahan ing blumbang lan sendhang , bumi ‘lemah‘ kang dadi ‘papan lan wadhahe’ ; Daya anasir  bumi (lemah , hawa , banyu kang ana) karo daya anasir langit (himanda/mendung kang dadi tuke banyu udan) manunggal nyawiji  anguripi ‘tetandurane alam’ (tetanduran, sato kewan, lan manungsa)  ‘dadi sumber panguripan kang magelang tanpa tepi ing sajerone bumi’.

Dene banyu udan kang ora kawadhahan (mligine ora mlebu lemah) anerus laku tumuju menyang kalen , ngumpul ana kali lan bengawan , nuli rame-rame manunggal nyawiji tumuju ‘segara lan samudra’ kang uga tanpa tepi magelang ing salumahe bumi.

“ … ing hwang , suksmana Kang Linuwih…. sateruse…” , Sri Bathara Kresna amurwani pangandikane menawa panjenengane nglenggahi ‘Dampar Kencana Kraton Dwarawati’, tinemu ing PAKELIRAN we-WAYANG-an RINGGIT PUR-WA ; pocapan sang Dhalang sareh–sumeleh ngemu wibawa daya adi lu -hung.

Ing raga sejati ‘aku’ Kresna Narayana lenggah ‘Aku’ sang Sri Bethara Kresna , lan ing sukma (Sri Bethara Kresna) ana lenggah  ‘AKU’ sang suksma Kang Linuwih ( kagatosaken panyeratipun  ‘aku , Aku , AKU’ kang paring makna ‘papan, wadhah, lan isi ).

Sang Narayana ‘rumangsa handarbeki/kalenggahi‘, mula ‘nglestari ngre-gani/angaji wadhah palenggahan Panjenengane’, empan papan lan empan wayah  ‘mulat sarira angrasa wani‘ dadi papan lan wadhah  ‘Aku lan AKU ‘ mrabawa  “angayu  AYU-ne Bebrayan lan Bebrayan Agung”.

Mula ora maido menawa Kraton Dwarawati lan Sri Bethara Kresna dadi ‘papan lan pribadhi kang wingit’ , kondhang dadi papan panglebure pakarti  syura , laku angkara ,  lan papan pamunahe satru sekti.

ISI – WADHAH - PAPAN  kang trep lan laras , sanyata ‘TUNGGAL’ nyawiji merbawani siji tumrap liyane ; ‘dalan miline sedya’ SANG KARSA  ama- ngun lan ambangun KARYA .

Ngayogyakarta , 15 April 2011


PARING PANYARUWE

Artikel  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta

SUKET GODHONG DADI ROWANG OYOT,WIT LAN PANG DADI KADANG

pangripta : Panji Asmara Kesuma

Bajing loncat tembung kang wus umum kapireng kanggo paraban komplotan durjana kang nindakake maling nyolong njupuk barang darbeke liyan kang kaemot ana ing truk-truk kang lagi mlaku ing jalan raya , para maling mloncat munggah mudun truk kanti trampil trengginas kaya solah lan playune bajing kang pinter nyolot mrana-mrene ing wit lan mlembang saka pang siji tumuju pang liyane .

Komplotan amarga anggota paguyubane ora amung siji–loro  kang munggah – mudhun truk kang dadi target operasine , nanging disengkuyung dening rowang-rowange kang guyub lan rukun ngrewangi ngamanake lan ngedol barang colongan kang kasil kaedhunake saka bak truk-truk kang dadi korbane.

Anggota–anggota komplotan  minangka  ‘mata rantai sistem’  kang manunggal nyawiji nyantosani lan anguripi , dadi rewang kang nyengkuyung rowange miturut job lan sesanggemane dhewe-dhewe kang katamtokake kanthi  rapi-jali  sadurunge operasi penyerangan kawiwiti .

Ing ajang politik praktis tembung bajing loncat kapatrapake marang para politikus ing tataran kadher partai lan uga pangarepe (tokoh) partai kang dhemen mloncat mrana – mloncat rene , kanti karep-ancas lan motivasi tartamtu metu saka partai siji mlebu partai liyane  ‘saiki dari rowang lan rewang-angrewangi  - sesuke dadi musuh rival politik-e’ .

Rowang  kanca mitra sapadha-padhane anggota bebrayan masyarakat , isih mambu dulur utawa dudu sanak dudu kadang kang tau ketemu ing darat lan utawa ketemu amung lumantar nggegana (radio , telepon / hp , lspne ) ;  dene  Rewang mitra-kenalan kang tau lan utawa kang lagi bebarengan ngayahi sesanggeman kaleksanane karsa tartamu embuh iku karep ala lan nistha utawa laku utama .
Suket - godhong dadi rowang , oyot - wit lan pang dadi kadang : rowang lan kadang kang mrabawa ijo royo-royone bumi kang bebarengan kita lenggahi saiki , nyediani lan nyukupi kabutuhan boga lan hawa marang kita manungsa , sato kewan , mina ing kali lan segara , lan kewan gegremet ing sadengah papan ; bebarengan kekadangan samya ngemban amanah Kang Murba Dumadi :

hanguripi , daya – handayani (simbiose mutualistis) siji tumrap liyane nut ka -hanan , sipat , lan perabote raga sejatine dhewe-dhewe ;

Maneka wujud raga sejati , beda-beda sipat , lan beda papan panggonane urip sumebar ing lumahe bumi , nanging tetap Bhinneka Tunggal Ika  kang dadi sesanggeman lan tanggung jawabe : meng-ayu Ayune Bumi kang lagi bebarengan kita lenggahi iki .

 Bumi  ‘lemah-banyu-geni-angin’ kang dadi anasir ana lan dumadine raga sejati (wadhah kang diuripi) , lumantar anane tetandurane alam kang manunggal nyawiji nyantosani ‘eko-sistem jagad gumelar‘ , bumi uga rila lan sembada ma-ringi daya ( isi ) kang anguripi lan andayani wadhah ‘raga sejati’ .

Rusake salah sijine perangan ‘eko-sistem  jagad gumelar’ anjalari mandheg lan ora miline daya kang mrabawa / nguripi perangan jagad gumelar liyane ; kang tundhone cilik utawa gedhe bisa gawe ora laras lan harmonise ‘eko-sistem  jagad gumelar’ kagungan kita sami .

Nginguk ing jagad komputer : perangkat lunak operasi (software operasi) mbutuhake anane papan lan wadhah awujud perangkat keras (hardware) kang cukup memadai (ora sembarangan) , butuh daya listrik   ( catuan AC / DC ) kang -go uripe komputer , apa wus cukup ?  durung !  isih perlu perangkat lunak aplikasi (software aplikasi) kang cocok karo kabutuhane ; Menawa kabeh kang diperlokake kaya ing nduwur wus sumadyakomplit lan apik  , apa wus cukup ? durung !

Sanyata durung cukup !
perlu ana manungsa (brainware) kang kudu nduweni kawruh cukup supaya sistem kang kabangun lan kagabung saka perangan sub-sub sistem mau bisa manunggal nyawiji  ‘operasi’  ngemban dhawuh  nyukupi kersa panjenengane kang paring dhawuh ; rusak lan ora kacukupane paugeran (syarat ) salah siji perangan sub-sistem bae , ora bakal kersa kang sinedya panjenengane bisa tumeka  lan  kang cinipta dadi ana lan mawujud .

‘Bebrayan lan Bebrayan Agung’ , prayogane kita rumangsa handarbeni – melu angrungkebi lan kersa mulat sarira angrasa wani .

Mulat sarira angrasa wani menawa ing jagad gumelar iki   kita ora urip ijen  lan  ora ngijeni urip .

Angrasa lan angrumangsa  manawa
suket lan godhong tinitah dadi rowang    -
oyot , wit lan pang tinitah dadi kadang  
ora sakepenake angrerusak alam
lan laku daksiya marang tetanduran isen-isene alam


Porong  Sidoarjo  ,  20 – 01 - 2011
Panji Asmara Kesuma

ATUR  PANYARUWE

Artikel  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta

MIJET WOHE RANTI


Suwe mijet wohe ranti  ‘gampang lan cepet banget’ menawa katindakake ; kanthi tangan kosong amung jempol lan salah siji driji liyane , tanpa tenaga gedhe , tanpa perkakas kang mirunggan , ora perlu otot kawat balung wesi , ora perlu pretungan aljabar - ilmu ngukur utawa ilmu matematika kang njlimet ruwet ‘sawijine pakaryan’ bisa ditindakake lan dituntasake kanthi gampang lan cepet.
Bisa lan tuntase amung gumantung ing ‘karep lan krenteg’ lan ora ngugemi unen-unen Kalau bisa dipersulit mengapa dipermudah? uga perlu tekad lahir–batin gelem lan wani ngiwakake rasa  Sepi ing gawe rame ing pamrihe,  malah kepara kudu nengenake lan ngugemi tembung  Ora obah - ora mamah  nanging prayoga obah  ing dalan kang lumrah , nggenah lan barokah.
Sumantri - Kumbakarna – Karna Suryaputra minangka paraga TRI PAMA , tulada laku jejere ksatria ngugemi jejer ksatriyane , madhep lan mantep (kon-sisten lan konsekwen) netepi tekad lan sumpah prasetyane, lan nglungguhi darma ksatriane. 
Sumantri minangka patih lan senopati ngetog guna (kapinterane/kewa -sisane) , kaya (darbeke kabisan) , turune (jiwa ragane) ,  tetelu - sawutuhe disumbangake kagem ratu sesembahane Sri Harjuna Sasrabahu lan negarane Maespati ; Toh nyawa tumekeng tiwas tanpa wigih ringa-ringa dilakoni kanggo nambengi (mbendung)  lakune angkara murkane Rahwana kang  anekani praja lan kratone Maespati.
Ing perang  ‘Giri Antara Yuda’ prang brubuh antarane prajurit Pancawati lan prajurit Alengka , Kumbakarna kadang anome (adine) Rahwana maju malaga dadi  ‘senapatine prang’ ing tekad ora sedya mbantu lan mbelani laku angkara murkane kangmase Rahwana , nanging urip sajiwa-ragane lan patine dikorbanake minangka banten (korban suci) katur Alengka  bumi kelahirane’ .
Putra nunggal ibu ‘Dewi Kunthi Talibrata’ karo Pandhawa (Puntadewa-Bimasena-Harjuna) sang Karna Suryaputra ora mangro (mang-loro) tingal tetep jejeg nglenggahi jejer ksatriyane, nganti nemahi pralaya ing Prang Tanding karo kadang tarunane ‘Harjuna’ ing perang ‘Bharata Yudha’ tansah konsisten mbelani Prabu Duryudana  kang wus maringi semat-pangkat-drajat ing Kraton Hastina-pura , nadyanta makaping-kaping para kadang Pandhawa kalebu Kanjeng Ibu Dewi Kunthi lan Sri Bathara Kresna rila legawa (anggiri-godha) masrahake kamulyane Pandhawa lair lan bathin marang panjenengane.

Ing pakeliran Babad Ramayana episode Rama Tambak tinemu lakune prajurit kraton Alengka kang aran Janggiyeksa  ‘laku spionase lan sabotase’ golek sisik melik kahanane Sri Rama saprajurit Pancawatine kang lagi lumaku ‘malaga’ tumuju kraton Alengka nedya ngupaya (ngrebut) baline Dewi Shinta kang musna–cinidra dening  Rahwana ; kejaba golek sisik melik Janggiyeksa uga kadhawuhan memalang lakune wadyabala Pancawati murih ora bisa kasil nyabrang segara Hindhi tumeka ing pulo Alengka.
Kocapa ing laku ‘dom sumurup ing banyu’ lan ‘pakaryan sabotasene’ ngrusak tambak kang wus kabangun prajurit Pancawati , Janggiyeksa konangan sapa jati diri sejatine ; sanyata ‘musuh’ kang sengaja nyusup mlebu ing barisan wadyabala Pancawati  ‘ngrusak’  tambak lan mental-semangate prajurit Panca-wati.
MIJET WOHE RANTI pepindhane menawa Sri Aji Rama Reghawa kersa nimbakake pidana pati marang Janggiyeksa kang wus ketangkap basah lan ka-bukti kuat-meyakinkan nindakake laku spionase lan sabotase, apamaneh  Jang-giyeksa wus blaka suta ngakoni sakabehe laku tumindak lan sapa jati dirine.
Banget kagete para sentana lan prajurit Pancawati nalika Sri Rama mbabar sabda paring pangalembana PRAJURIT SEJATI marang Janggiyeksa, kanthi dasar sepisan : Ijen tanpa rowang , rila legawa wus gelem lan wani nindakake dhawuh ratu gustine (Rahwana) kang abot banget ; kapindho : Digdaya sekti mandraguna wus klakon nelukake (nadyanta wusanane kadenangan) sentana lan wadyabala Pancawati kang atusan kepara maewu akehe (kabukti klakon ngrusak tambak kang njalari rusak mentale prajurit Pancawati) kalebu narpati Sugriwa lan Senapati pinunjul Anoman.
Lantaran Janggiyeksa , Sang Rama bisa ‘mulat sarira angrasa wani’ menawa panjenengane kagungan lan nduweni titik lemah ‘kurang’ ing kawaspadan lan pengawasan, lan ora kalah penting Janggiyeksa bisa dadi ‘corong/pewarta’ ing negarane (Alengka) menawa Sri Aji Rama Reghawa sayekti berbudi-bawa leksana ; Janggiyeksa bisa dadi caraka ngangkat citra lan kuncarane Sri Rama  ing bebrayan sentana kraton Alengka , kalebu Rahwana Raja sesembahane.
Ora amung kocape mbok bakul sinambi wara (ngomong) : Sri Aji Rama Re-ghawa sanyata pancen Ratugung Binathara : Ora maringi pidana pati kang murwat karo kaluputane, kepara maringi ‘urip lan pangapura’ lan mas picis raja brana marang Janggiyeksa ;
Sang prajurit sejati ‘Janggiyeksa’ luwih sampurna darma kawulane ‘tewas’ ing tangan ratu gustine amarga kanthi  lugu &  lugas  , tanpa tedheng aling -aling wani matur & mbukak sejatine kahanan.
Ngayogyakarta , 10 Nopember 2011

Ora Amung Sajodho

Ana pitakonan  :  Apa ta isen-isene pasar ? ; ana wangsulan : Isine pasar amung sajodho , antarane lanang – wadon tumrape wong lan sato kewan kang lagi ana ing sanjerone pasar ; panganan mentah lan mateng ; barang kang enak dipangan lan barang kang ora enak dipangan ( sapu , layah , lspne) .
Wangsulan mangkono ora luput utawa bener , nanging kurang pener amarga nyatane ing pasar kono mbokmenawa ana wong wandu (waria) , ana woh-wohan kang gumanda-rasa (ora mentah nanging durung mateng) , lan ana panganan setengah mateng kang lagi diolah.
Tembung  ‘sajodho’ luwih trep kapatrapake kanggo  ‘PATHOK‘  , wates – wates kahanan loro kang sarwa walikan kahanane ; dene ing antarane wates kang loro kuwi maneka kahanan  ‘ana utawa bisa dumadi akeh kahanan’ kang tanpa winates lan wilangane
Pindha lan laras karo mutere bumi saisine ( jagad gumelar ) kang kaprabawa dayane surya–candra-ndaru-kartika , ing lumingsire awan lan wengi ana kahan-an surup lan pajer raina ; ing bawana ( jagad pribadi) , anyakra-manggilingan cipta lan rasa  merbawani tuwuh sagunge  sedya kang suci - teguh/santosa - niat luhur utawa karep nguja angkara-lumuh–laku nistha , uga karep kang setengah-tengah , lan kepara campur aduke karsa kang luhur lan suci karo karep kang lu-muh tanpa daya kadya Sang Baladewa ilang gapite
Ing Pakeliran Ringgit Purwa Babad Ramayana lan Babad Mahabharata sinengker wewayangan kang bisa dadi Pathok Kanisthan lan Pathok Kautaman :
Babad Ramayana : sawuse mejang Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwate  Diyu marang Sang Dewi Sukesi  sekar Kedhaton Kraton Alengka , Sang RESI WI-SRAWA kang wus bentus kawruh lair lan kebatinane ‘thethel kabrahmanane kagodha ing ayune rupa  lan manise wicara  Dewi Sukesi kang ora liya calon mantune Sang Resi , Sang Resi Wisrawa nuruti perbawane hawa tumuli sang Dewi Sukesi dipundhut garwa dhewe
                             
Dewi Sukesi nglairake  putra cacah papat , kejaba putra nomer papat (Gunawan Wibisana) slaga-pakarti putra tetelune paring wewayangan PATHOK KANIS-THAN :
RAHWANA kanguja angkara murka angemperi bumi lan dadi leletheke jagad ; KUMBAKARNA keparingan raga pideksa gedhe dhuwur nanging kang digedhekake mangan akeh lan tapa turu kang anggambar sipat lumuh lan  mangan njaluk  akeh lan enak ; lan SARPA KENAKA wanodya/raseksi kang asusila - angumbar birahi (poliandri)
Babad Mahabharata : PANDHU DEWANATA ksatria lan narendra gung binathara ing Kraton Hastinapura patutan karo Dewi Kunti kaparingan putra cacah tiga kang patut dadi  PATHOK KAUTAMAN :
Putra pambayun PUNTADEWA berbudi bawa leksana ngesuhi Pandhawa , kagungan ludira putih , rila legawa donya lan pati ; BIMASENA raga pideksa gedhe dhuwur , jiwa kang kukuh santosa , dhemen mbela bebener lan mbelani bebrayan agung ; HARJUNA ksatria kang tansah setya nglenggahi jiwa ksatri-ane , dadi Jagone Dewa anyirep memalane Kayangan Suralaya lan  madyapada , Tohjali - lelanange Jagad ora amung garwane akeh (garwa kaparingan makna kawruh lan ilmu , lan umume calon garwane kang kepencut baguse nuli nyuwun kagarwa)  nanging jangkep tata susila lan linuwih kasektene .
Rahwana lan Puntadewa , Kumbakarna lan Bimasena , Sarpa Kenaka lan Harjuna minangka wewayangan pathok - pathok laku nistha lan laku utama ; dene paraga wayang liyane , anggambar sipat lan pokal kita sabendinane nut wayah , papan , sesanggeman , lan kelakone .
Kanthi kecipir  ‘lancipe pikir’ , cengkir ‘kencenge pikir’ , sarta tebu ‘antep lan mantepe kalbu’ prayogane kita ora keli ing kahanan kang owah gingsir nyakra manggilingan , lumaku ing laku kang bener lan pener , pener ngarah tumuju PATHOK KAUTAMAN .
Madiun , 17-01-2011
Panji Asmara Kesuma

2 in 1 ( LORO ATUNGGAL )

pangripta : Panji Asmara Kesuma

Pancen edi rembulan kang ndadari …. , saperangan lirik (tembunge tembang) salah sawijine lagu lagam jawa  ; saka iguh pratikele lan pambudidayane manungsa kang sinengkuyung iptek (ilmu pengetahuan & teknologi) kedirgan-taraan lan angkasa luar kang canggih lan mirunggan  manungsa wus kasil anekani lan klakon napakake sukune tumuli mlaku-mlaku ing lumahing rembulan.

‘Sri Gunung’ kasunyatane , ‘gunung’  eba endah lan edine yen sinawang saka adoh/kadohan katon ijo royo-royo ing pandulu lan angresep ati kang kepingin nekani , nanging menawa wus diparani lan dicedhaki banget beda  kasunyatan sejatine : tinemu gumuk-gumuk kang kebak eri bebondhotan lan jurang curi kang perlu kawaspadan lan kebak ing pangati-ati menawa kepengin angliwati.

‘Sri Gunung’  ana sawijine powangan wanodya ayu merak ati , eba kuciwane kang aweh kawigaten marang wanita mau karana sawuse caket lan namatake : jebulane daya ayune kaprabawa gebyare busana kang anutup raga lan wedhak-pupur kang misuwur. 

‘Sri Gunung’ alias ‘Sri Wulan’ kasunyatanan sejatine  ‘luwih candra, kurang warna’, sawuse kaparani lan kacedhaki jebule ora tinemu Pancen edi rembulan kang ndadari kaya kang kasebut ing lirik tembang mau , kepara kosok balen kahanane.

Kahanan kosok balen  ‘salumahe rembulan bolong-bolong’ kaya praupan kang kebak bopeng tilas kukul ; kahanan kuwi dumadi amarga rembulan ora kinemulan hawa ‘lapisan atmosfer’  kaya bumi kang bebarengan kita lenggahi iki saengga wiwit cinipta dadi sakaliring kang nabrak rembulan (benda-benda angkasa luar) langsung tumiba, ngatem lan nunjem lumahing rembulan .

Ing seje papan lan beda kahanan , wonten ing mangsa ketiga punapa malih ketiga ngerak ing sadhengah papan para kadang kita sami ambudi daya ‘toya’ kangge nyekapi kabetahan gesangipun sakulawarga amargi kasebabaken  sumur-sumur sami asat telas toyanipun.

Ing tlatah pareden para kadang sami ngangsu ‘mendhet toya panggesangan’ wonten ing (saking) sendhang , umbul , lan lepen-lepen ingkang taksih pinanggih (wonten) toyanipun  ‘sewu jangkah kaambah’ lan ‘nyabrang segara wedhi linakoni’ murih katekan sedyanipun pikantuk toya ingkang rinaos sanget ‘ngemu aji anggesangi’.

Hawa lan Toya  mboten saget pisah kaliyan gesang lan panggesangan kita manungsa lan titah-titah tetanduranipun alam sanesipun (kewan lan tetaneman)  ‘2 in 1’  kanugrahan alam kekalihipun manunggal nyawiji  ing raga sejati.

Sakarone samya kridha ‘swarga minulya ginawe ayu’  lorone bebarengan alaku darma andayani, anguripi, lan anjaga rusake  Raga Sejati  kang dadi papan ‘tapa-tapake sang Suksma Sejati’ ya ‘papan tapa lan tapak sucine sang Suksma Sejati’.

Lelahanan (kanthi gratis) lan kebak ing kamardikan (wayahe lan akehe) manungsa bisa antuk lan kacukupan  ‘hawa’  kang kaperlokake , emane tumrap kabutuhan ‘banyu’ perlu ‘jer basuki mawa pangorbanan’ pangorbanan kang awujud bea lan utawa bahu (tenaga) kanggo anyukupi kebutuhane Raga Sejati.

Pangorbanan kang saya ora entheng amarga saya kurang lan saya winates mili metune banyu  saka bumi kang bebarengan kita lenggahi iki karana rusake ‘eko sistem alam’ kang dumadi , kayata ‘Kridane Gunung Merapi’ lan maneka warna sebab liya-liyane.

Anambahi saya ewuh aya ing pambudi ‘kang amenangi’ , lan para kawogan ‘kang angreksa nyediani’.


Ngayogyakarta , 28 Desember 2011



Artikel  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta