Sabtu, 18 Agustus 2012

SUKET GODHONG DADI ROWANG OYOT,WIT LAN PANG DADI KADANG

pangripta : Panji Asmara Kesuma

Bajing loncat tembung kang wus umum kapireng kanggo paraban komplotan durjana kang nindakake maling nyolong njupuk barang darbeke liyan kang kaemot ana ing truk-truk kang lagi mlaku ing jalan raya , para maling mloncat munggah mudun truk kanti trampil trengginas kaya solah lan playune bajing kang pinter nyolot mrana-mrene ing wit lan mlembang saka pang siji tumuju pang liyane .

Komplotan amarga anggota paguyubane ora amung siji–loro  kang munggah – mudhun truk kang dadi target operasine , nanging disengkuyung dening rowang-rowange kang guyub lan rukun ngrewangi ngamanake lan ngedol barang colongan kang kasil kaedhunake saka bak truk-truk kang dadi korbane.

Anggota–anggota komplotan  minangka  ‘mata rantai sistem’  kang manunggal nyawiji nyantosani lan anguripi , dadi rewang kang nyengkuyung rowange miturut job lan sesanggemane dhewe-dhewe kang katamtokake kanthi  rapi-jali  sadurunge operasi penyerangan kawiwiti .

Ing ajang politik praktis tembung bajing loncat kapatrapake marang para politikus ing tataran kadher partai lan uga pangarepe (tokoh) partai kang dhemen mloncat mrana – mloncat rene , kanti karep-ancas lan motivasi tartamtu metu saka partai siji mlebu partai liyane  ‘saiki dari rowang lan rewang-angrewangi  - sesuke dadi musuh rival politik-e’ .

Rowang  kanca mitra sapadha-padhane anggota bebrayan masyarakat , isih mambu dulur utawa dudu sanak dudu kadang kang tau ketemu ing darat lan utawa ketemu amung lumantar nggegana (radio , telepon / hp , lspne ) ;  dene  Rewang mitra-kenalan kang tau lan utawa kang lagi bebarengan ngayahi sesanggeman kaleksanane karsa tartamu embuh iku karep ala lan nistha utawa laku utama .
Suket - godhong dadi rowang , oyot - wit lan pang dadi kadang : rowang lan kadang kang mrabawa ijo royo-royone bumi kang bebarengan kita lenggahi saiki , nyediani lan nyukupi kabutuhan boga lan hawa marang kita manungsa , sato kewan , mina ing kali lan segara , lan kewan gegremet ing sadengah papan ; bebarengan kekadangan samya ngemban amanah Kang Murba Dumadi :

hanguripi , daya – handayani (simbiose mutualistis) siji tumrap liyane nut ka -hanan , sipat , lan perabote raga sejatine dhewe-dhewe ;

Maneka wujud raga sejati , beda-beda sipat , lan beda papan panggonane urip sumebar ing lumahe bumi , nanging tetap Bhinneka Tunggal Ika  kang dadi sesanggeman lan tanggung jawabe : meng-ayu Ayune Bumi kang lagi bebarengan kita lenggahi iki .

 Bumi  ‘lemah-banyu-geni-angin’ kang dadi anasir ana lan dumadine raga sejati (wadhah kang diuripi) , lumantar anane tetandurane alam kang manunggal nyawiji nyantosani ‘eko-sistem jagad gumelar‘ , bumi uga rila lan sembada ma-ringi daya ( isi ) kang anguripi lan andayani wadhah ‘raga sejati’ .

Rusake salah sijine perangan ‘eko-sistem  jagad gumelar’ anjalari mandheg lan ora miline daya kang mrabawa / nguripi perangan jagad gumelar liyane ; kang tundhone cilik utawa gedhe bisa gawe ora laras lan harmonise ‘eko-sistem  jagad gumelar’ kagungan kita sami .

Nginguk ing jagad komputer : perangkat lunak operasi (software operasi) mbutuhake anane papan lan wadhah awujud perangkat keras (hardware) kang cukup memadai (ora sembarangan) , butuh daya listrik   ( catuan AC / DC ) kang -go uripe komputer , apa wus cukup ?  durung !  isih perlu perangkat lunak aplikasi (software aplikasi) kang cocok karo kabutuhane ; Menawa kabeh kang diperlokake kaya ing nduwur wus sumadyakomplit lan apik  , apa wus cukup ? durung !

Sanyata durung cukup !
perlu ana manungsa (brainware) kang kudu nduweni kawruh cukup supaya sistem kang kabangun lan kagabung saka perangan sub-sub sistem mau bisa manunggal nyawiji  ‘operasi’  ngemban dhawuh  nyukupi kersa panjenengane kang paring dhawuh ; rusak lan ora kacukupane paugeran (syarat ) salah siji perangan sub-sistem bae , ora bakal kersa kang sinedya panjenengane bisa tumeka  lan  kang cinipta dadi ana lan mawujud .

‘Bebrayan lan Bebrayan Agung’ , prayogane kita rumangsa handarbeni – melu angrungkebi lan kersa mulat sarira angrasa wani .

Mulat sarira angrasa wani menawa ing jagad gumelar iki   kita ora urip ijen  lan  ora ngijeni urip .

Angrasa lan angrumangsa  manawa
suket lan godhong tinitah dadi rowang    -
oyot , wit lan pang tinitah dadi kadang  
ora sakepenake angrerusak alam
lan laku daksiya marang tetanduran isen-isene alam


Porong  Sidoarjo  ,  20 – 01 - 2011
Panji Asmara Kesuma

ATUR  PANYARUWE

Artikel  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar