Sabtu, 18 Agustus 2012

WADHAH lan ISI

pangripta : Panji Asmara Kesuma

BANYU  lagi bisa miguna nyukupi ‘sedya’ kebutuhane para manungsa , menawa kawadhahan ing wadah kang murwat karo keperluan ‘sedyane’ ; lan wadhahe kudu utuh ‘ora bolong - ora benthet ‘ supaya banyu ora mlayu metu  saka wadhah , saengga pambudi-daya ora muspra lan katekan sedyane.

Kanggo adus banyu kawadhahan ana ing bak (jedhing) , ing ember banyu kawadhahi kanggo nyuci pakaian lan isah-isah prabot dhapur ; menawa dikersakake  ‘banyu mateng’ banyu  diwadhahi ana ing kwali , ceret , utawa panci nuli di ‘godhog-kemawah-umob’ supaya rereged lan penyakit mati  sadurunge diunjuk.

Mestine wadhah – wadhah banyu kasebut , kalebu wadhah banyu mateng (teko, gelas wedang kopi, lspne) ‘mapan’ ing papan kang samestine, contone : gelas isi wedang kopi mapan ana meja, ember isi banyu kanggo umbah-umbah mapan ing papan cucian.

‘Isi – Wadhah – Papan’ trep manunggal nyawiji nut kabutuhan  lan kaper-luane ,  ‘anyukupi’ sedyane sang sedya ; sang Papan Sejati nyediani palenggahan kagem sang Wadhah Sejati kang dadi palenggahane sang ISI (tanpa tembung sejati) , tembung ‘sejati’ amarga ana lan kasat ing netra , dene  ‘banyu resik’  (kang dadi isi) kasat ing paningal momot ‘daya - prabawa angresiki lan nye -nyuci’.

Momot ‘daya-prabawa angresiki lan nyenyuci’ kita raosaken menawi mbo-ten sumadia toya resik utawi ingkang wonten toya ingkang radi reged (kejawi kepeksa) anjalari pupus sedyanipun sang Sedya ‘reresik pakaian lan prabot dhapur’, pupus sedya siram  ‘sesuci Raga Sejati’.

Menawa isi – wadhah – papan  ‘gothang ora kecukupan salah sawiji’ sang Sedya tetep ‘bisa mlaku’ nanging  ‘mlaku samlaku-mlakune’ niskara bisa lumaku kanthi samestine  ‘sun sedya tumeka – sun cipta dadi’. ‘papan–wadhah’ manunggal nyawiji

‘Banyu udan’ menawa ora ana pawongan kang anadhahi/amadhahi  utawa katadhahan ing blumbang lan sendhang , bumi ‘lemah‘ kang dadi ‘papan lan wadhahe’ ; Daya anasir  bumi (lemah , hawa , banyu kang ana) karo daya anasir langit (himanda/mendung kang dadi tuke banyu udan) manunggal nyawiji  anguripi ‘tetandurane alam’ (tetanduran, sato kewan, lan manungsa)  ‘dadi sumber panguripan kang magelang tanpa tepi ing sajerone bumi’.

Dene banyu udan kang ora kawadhahan (mligine ora mlebu lemah) anerus laku tumuju menyang kalen , ngumpul ana kali lan bengawan , nuli rame-rame manunggal nyawiji tumuju ‘segara lan samudra’ kang uga tanpa tepi magelang ing salumahe bumi.

“ … ing hwang , suksmana Kang Linuwih…. sateruse…” , Sri Bathara Kresna amurwani pangandikane menawa panjenengane nglenggahi ‘Dampar Kencana Kraton Dwarawati’, tinemu ing PAKELIRAN we-WAYANG-an RINGGIT PUR-WA ; pocapan sang Dhalang sareh–sumeleh ngemu wibawa daya adi lu -hung.

Ing raga sejati ‘aku’ Kresna Narayana lenggah ‘Aku’ sang Sri Bethara Kresna , lan ing sukma (Sri Bethara Kresna) ana lenggah  ‘AKU’ sang suksma Kang Linuwih ( kagatosaken panyeratipun  ‘aku , Aku , AKU’ kang paring makna ‘papan, wadhah, lan isi ).

Sang Narayana ‘rumangsa handarbeki/kalenggahi‘, mula ‘nglestari ngre-gani/angaji wadhah palenggahan Panjenengane’, empan papan lan empan wayah  ‘mulat sarira angrasa wani‘ dadi papan lan wadhah  ‘Aku lan AKU ‘ mrabawa  “angayu  AYU-ne Bebrayan lan Bebrayan Agung”.

Mula ora maido menawa Kraton Dwarawati lan Sri Bethara Kresna dadi ‘papan lan pribadhi kang wingit’ , kondhang dadi papan panglebure pakarti  syura , laku angkara ,  lan papan pamunahe satru sekti.

ISI – WADHAH - PAPAN  kang trep lan laras , sanyata ‘TUNGGAL’ nyawiji merbawani siji tumrap liyane ; ‘dalan miline sedya’ SANG KARSA  ama- ngun lan ambangun KARYA .

Ngayogyakarta , 15 April 2011


PARING PANYARUWE

Artikel  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar