Ana
unen-unen menawa isine ndonya amung sajodho , mbok menawa ana benere nanging
uga ana kurang penere ; prayogane bener lan utawa pener kudu dipratitis ing
pangecake tembung (konteks kalimat-e)
.
Ana pitakonan : Apa ta isen-isene pasar ? ; ana wangsulan : Isine
pasar amung sajodho , antarane lanang – wadon tumrape wong lan sato kewan kang
lagi ana ing sanjerone pasar ; panganan mentah lan mateng ; barang kang enak
dipangan lan barang kang ora enak dipangan ( sapu , layah , lspne) .
Wangsulan mangkono ora luput utawa bener , nanging kurang pener
amarga nyatane ing pasar kono mbokmenawa ana wong wandu (waria) , ana woh-wohan kang gumanda-rasa (ora mentah nanging durung
mateng) , lan ana panganan setengah mateng kang lagi diolah.
Tembung ‘sajodho’ luwih trep
kapatrapake kanggo ‘PATHOK‘ , wates – wates kahanan loro kang sarwa
walikan kahanane ; dene ing antarane wates kang loro kuwi maneka kahanan ‘ana utawa bisa dumadi akeh kahanan’ kang
tanpa winates lan wilangane
Pindha lan laras karo mutere bumi saisine ( jagad gumelar ) kang
kaprabawa dayane surya–candra-ndaru-kartika , ing lumingsire awan lan wengi ana
kahan-an surup lan pajer raina ; ing bawana ( jagad pribadi) , anyakra-manggilingan
cipta lan rasa merbawani tuwuh
sagunge sedya kang suci - teguh/santosa
- niat luhur utawa karep nguja angkara-lumuh–laku nistha , uga karep kang
setengah-tengah , lan kepara campur aduke karsa kang luhur lan suci karo karep
kang lu-muh tanpa daya kadya Sang Baladewa ilang gapite
Ing Pakeliran Ringgit Purwa Babad Ramayana lan Babad
Mahabharata sinengker wewayangan kang
bisa dadi Pathok Kanisthan lan Pathok Kautaman :
Babad Ramayana : sawuse mejang Sastra Jendra Hayuningrat Pangruwate Diyu marang Sang Dewi Sukesi sekar Kedhaton Kraton Alengka , Sang RESI WI-SRAWA
kang wus bentus kawruh lair lan kebatinane ‘thethel kabrahmanane‘ kagodha
ing ayune rupa lan manise wicara Dewi Sukesi kang ora liya calon mantune Sang
Resi , Sang Resi Wisrawa nuruti perbawane hawa tumuli sang Dewi Sukesi dipundhut
garwa dhewe
Dewi Sukesi nglairake putra
cacah papat , kejaba putra nomer papat (Gunawan Wibisana) slaga-pakarti putra
tetelune paring wewayangan PATHOK KANIS-THAN
:
RAHWANA
kanguja angkara murka angemperi bumi lan dadi leletheke jagad ; KUMBAKARNA
keparingan raga pideksa gedhe dhuwur nanging kang digedhekake mangan akeh lan tapa
turu kang anggambar sipat lumuh lan mangan njaluk
akeh lan enak ; lan SARPA KENAKA wanodya/raseksi kang asusila - angumbar
birahi (poliandri)
Babad Mahabharata : PANDHU DEWANATA ksatria lan narendra gung binathara ing
Kraton Hastinapura patutan karo Dewi Kunti kaparingan putra cacah tiga kang patut
dadi PATHOK KAUTAMAN :
Putra pambayun PUNTADEWA berbudi bawa leksana ngesuhi Pandhawa ,
kagungan ludira putih , rila legawa donya lan pati ; BIMASENA raga pideksa
gedhe dhuwur , jiwa kang kukuh santosa , dhemen mbela bebener lan mbelani
bebrayan agung ; HARJUNA ksatria kang tansah setya nglenggahi jiwa ksatri-ane ,
dadi Jagone Dewa anyirep memalane Kayangan Suralaya lan madyapada , Tohjali - lelanange Jagad ora
amung garwane akeh (garwa kaparingan makna kawruh lan ilmu , lan umume calon
garwane kang kepencut baguse nuli nyuwun kagarwa) nanging jangkep tata susila lan linuwih
kasektene .
Rahwana lan Puntadewa , Kumbakarna lan Bimasena , Sarpa Kenaka
lan Harjuna minangka wewayangan pathok - pathok laku nistha lan laku utama ;
dene paraga wayang liyane , anggambar sipat lan pokal kita sabendinane nut
wayah , papan , sesanggeman , lan kelakone .
Kanthi kecipir ‘lancipe
pikir’ , cengkir ‘kencenge pikir’ , sarta tebu ‘antep lan mantepe kalbu’ prayogane
kita ora keli ing kahanan kang owah gingsir nyakra manggilingan , lumaku ing laku
kang bener lan pener , pener ngarah tumuju PATHOK KAUTAMAN .
Madiun , 17-01-2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar