KAPIRANGU
SIMA LAWU , njegegrek agung dhuwur
Kendel ambisu setya nunggu tekaku
Ginambar lenggah ‘ cahya biru-jeru ‘ ing manik netraku
Nanging tumekeng Tawangmangu ‘kandheg ing lakuku’
kaendheg laku cipta sedyaku , kaendheg jumangkahe sukuku
Kaendheg kemlawene astaku , cep-klakep kedale lathiku
Ing Tawangmangu , mangu-mangu ‘aku kapirangu’
Apa iya anganthi ‘badan sejati’ kang kesel , abot kebak gawan lan gaman
Apa iya ‘raga’ kang kebak ala lan sukerta ….. anerus laku
Ing Tawangmangu , mangu-mangu ‘aku kapirangu’
Apa ora malah ‘duka lan memala’ kang bakal tinemu
bebarengan lan dadi wohing lakuku….. menawa aku anerus laku
Duren ‘apa kudu leren’
ing madyane swasana kang kebak sedya,
Apa anyimpang marga , anuruti ‘pambisik liya sedya’ kang durung pana lan cetha
Ing Tawangmangu wayah bengi , mangu-mangu ‘aku kapirangu’
Pucuk LAWU jegegrek regemeng ‘ireng-peteng’ kapangku tawang kang kebak lintang
Pucuk landhep Cemara ‘sewu’ godha-pangrancana
ngadhang-memalang ing laku panyawangku
Ngayogyakarta , 1 september 2011
Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar