Pancen edi rembulan kang ndadari …. , saperangan lirik (tembunge tembang) salah sawijine lagu lagam jawa ; saka iguh pratikele lan pambudidayane manungsa kang sinengkuyung iptek (ilmu pengetahuan & teknologi) kedirgan-taraan lan angkasa luar kang canggih lan mirunggan manungsa wus kasil anekani lan klakon napakake sukune tumuli mlaku-mlaku ing lumahing rembulan.
‘Sri Gunung’ kasunyatane , ‘gunung’ eba endah lan edine yen sinawang saka adoh/kadohan katon ijo royo-royo ing pandulu lan angresep ati kang kepingin nekani , nanging menawa wus diparani lan dicedhaki banget beda kasunyatan sejatine : tinemu gumuk-gumuk kang kebak eri bebondhotan lan jurang curi kang perlu kawaspadan lan kebak ing pangati-ati menawa kepengin angliwati.
‘Sri Gunung’ ana sawijine powangan wanodya ayu merak ati , eba kuciwane kang aweh kawigaten marang wanita mau karana sawuse caket lan namatake : jebulane daya ayune kaprabawa gebyare busana kang anutup raga lan wedhak-pupur kang misuwur.
‘Sri Gunung’ alias ‘Sri Wulan’ kasunyatanan sejatine ‘luwih candra, kurang warna’, sawuse kaparani lan kacedhaki jebule ora tinemu Pancen edi rembulan kang ndadari kaya kang kasebut ing lirik tembang mau , kepara kosok balen kahanane.
Kahanan kosok balen ‘salumahe rembulan bolong-bolong’ kaya praupan kang kebak bopeng tilas kukul ; kahanan kuwi dumadi amarga rembulan ora kinemulan hawa ‘lapisan atmosfer’ kaya bumi kang bebarengan kita lenggahi iki saengga wiwit cinipta dadi sakaliring kang nabrak rembulan (benda-benda angkasa luar) langsung tumiba, ngatem lan nunjem lumahing rembulan .
Ing seje papan lan beda kahanan , wonten ing mangsa ketiga punapa malih ketiga ngerak ing sadhengah papan para kadang kita sami ambudi daya ‘toya’ kangge nyekapi kabetahan gesangipun sakulawarga amargi kasebabaken sumur-sumur sami asat telas toyanipun.
Ing tlatah pareden para kadang sami ngangsu ‘mendhet toya panggesangan’ wonten ing (saking) sendhang , umbul , lan lepen-lepen ingkang taksih pinanggih (wonten) toyanipun ‘sewu jangkah kaambah’ lan ‘nyabrang segara wedhi linakoni’ murih katekan sedyanipun pikantuk toya ingkang rinaos sanget ‘ngemu aji anggesangi’.
Hawa lan Toya mboten saget pisah kaliyan gesang lan panggesangan kita manungsa lan titah-titah tetanduranipun alam sanesipun (kewan lan tetaneman) ‘2 in 1’ kanugrahan alam kekalihipun manunggal nyawiji ing raga sejati.
Sakarone samya kridha ‘swarga minulya ginawe ayu’ lorone bebarengan alaku darma andayani, anguripi, lan anjaga rusake Raga Sejati kang dadi papan ‘tapa-tapake sang Suksma Sejati’ ya ‘papan tapa lan tapak sucine sang Suksma Sejati’.
Lelahanan (kanthi gratis) lan kebak ing kamardikan (wayahe lan akehe) manungsa bisa antuk lan kacukupan ‘hawa’ kang kaperlokake , emane tumrap kabutuhan ‘banyu’ perlu ‘jer basuki mawa pangorbanan’ pangorbanan kang awujud bea lan utawa bahu (tenaga) kanggo anyukupi kebutuhane Raga Sejati.
Pangorbanan kang saya ora entheng amarga saya kurang lan saya winates mili metune banyu saka bumi kang bebarengan kita lenggahi iki karana rusake ‘eko sistem alam’ kang dumadi , kayata ‘Kridane Gunung Merapi’ lan maneka warna sebab liya-liyane.
Anambahi saya ewuh aya ing pambudi ‘kang amenangi’ , lan para kawogan ‘kang angreksa nyediani’.
Ngayogyakarta , 28 Desember 2011
Artikel punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Minggon Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar