Suwe mijet wohe ranti ‘gampang lan cepet banget’ menawa katindakake
; kanthi tangan kosong amung jempol lan salah siji driji liyane , tanpa tenaga
gedhe , tanpa perkakas kang mirunggan , ora perlu otot kawat balung wesi , ora
perlu pretungan aljabar - ilmu ngukur utawa ilmu matematika kang njlimet ruwet
‘sawijine pakaryan’ bisa ditindakake lan dituntasake kanthi gampang lan cepet.
Bisa lan tuntase amung gumantung
ing ‘karep lan krenteg’ lan ora ngugemi unen-unen Kalau bisa dipersulit mengapa dipermudah? uga perlu tekad lahir–batin
gelem lan wani ngiwakake rasa Sepi ing gawe rame ing pamrihe, malah kepara kudu nengenake lan ngugemi
tembung Ora obah - ora mamah nanging
prayoga obah ing dalan kang lumrah , nggenah lan barokah.
Sumantri - Kumbakarna – Karna
Suryaputra minangka paraga TRI PAMA , tulada laku jejere ksatria ngugemi jejer
ksatriyane , madhep lan mantep (kon-sisten lan konsekwen) netepi tekad lan
sumpah prasetyane, lan nglungguhi darma ksatriane.
Sumantri minangka
patih lan senopati ngetog guna (kapinterane/kewa -sisane) , kaya (darbeke
kabisan) , turune (jiwa ragane) , tetelu
- sawutuhe disumbangake kagem ratu sesembahane Sri Harjuna Sasrabahu lan negarane
Maespati ; Toh nyawa tumekeng tiwas tanpa wigih ringa-ringa dilakoni kanggo
nambengi (mbendung) lakune angkara
murkane Rahwana kang anekani praja lan kratone
Maespati.
Ing perang ‘Giri Antara Yuda’ prang brubuh antarane
prajurit Pancawati lan prajurit Alengka , Kumbakarna
kadang anome (adine) Rahwana maju malaga dadi
‘senapatine prang’ ing tekad ora sedya mbantu lan mbelani laku angkara
murkane kangmase Rahwana , nanging urip sajiwa-ragane lan patine dikorbanake
minangka banten (korban suci) katur Alengka
‘bumi kelahirane’ .
Putra nunggal ibu ‘Dewi Kunthi
Talibrata’ karo Pandhawa (Puntadewa-Bimasena-Harjuna) sang Karna Suryaputra ora mangro (mang-loro) tingal tetep jejeg nglenggahi
jejer ksatriyane, nganti nemahi pralaya ing Prang Tanding karo kadang tarunane ‘Harjuna’
ing perang ‘Bharata Yudha’ tansah konsisten mbelani Prabu Duryudana kang wus maringi semat-pangkat-drajat ing Kraton Hastina-pura , nadyanta
makaping-kaping para kadang Pandhawa kalebu Kanjeng Ibu Dewi Kunthi lan Sri
Bathara Kresna rila legawa (anggiri-godha) masrahake kamulyane Pandhawa lair
lan bathin marang panjenengane.
Ing pakeliran
Babad Ramayana episode Rama Tambak tinemu lakune prajurit kraton Alengka kang
aran Janggiyeksa ‘laku spionase lan
sabotase’ golek sisik melik kahanane Sri Rama saprajurit Pancawatine kang lagi
lumaku ‘malaga’ tumuju kraton Alengka nedya ngupaya (ngrebut) baline Dewi
Shinta kang musna–cinidra dening Rahwana
; kejaba golek sisik melik Janggiyeksa uga kadhawuhan memalang lakune wadyabala
Pancawati murih ora bisa kasil nyabrang segara Hindhi tumeka ing pulo Alengka.
Kocapa ing laku ‘dom sumurup ing banyu’ lan ‘pakaryan
sabotasene’ ngrusak tambak kang wus kabangun prajurit Pancawati , Janggiyeksa
konangan sapa jati diri sejatine ; sanyata ‘musuh’ kang sengaja nyusup mlebu
ing barisan wadyabala Pancawati ‘ngrusak’
tambak lan mental-semangate prajurit
Panca-wati.
MIJET WOHE
RANTI pepindhane menawa Sri Aji Rama Reghawa kersa
nimbakake pidana pati marang Janggiyeksa kang wus ketangkap basah lan ka-bukti
kuat-meyakinkan nindakake laku spionase lan sabotase, apamaneh Jang-giyeksa wus blaka suta ngakoni sakabehe
laku tumindak lan sapa jati dirine.
Banget kagete para sentana lan prajurit Pancawati nalika Sri Rama
mbabar sabda paring pangalembana PRAJURIT
SEJATI marang Janggiyeksa, kanthi dasar sepisan : Ijen tanpa rowang , rila legawa wus gelem lan wani
nindakake dhawuh ratu gustine (Rahwana) kang abot banget ; kapindho : Digdaya sekti mandraguna wus klakon nelukake (nadyanta
wusanane kadenangan) sentana lan wadyabala Pancawati kang atusan kepara maewu
akehe (kabukti klakon ngrusak tambak kang njalari rusak mentale prajurit Pancawati)
kalebu narpati Sugriwa lan Senapati pinunjul Anoman.
Lantaran Janggiyeksa , Sang Rama bisa ‘mulat sarira angrasa
wani’ menawa panjenengane kagungan lan nduweni titik lemah ‘kurang’ ing kawaspadan lan pengawasan,
lan ora kalah penting Janggiyeksa bisa dadi ‘corong/pewarta’ ing negarane (Alengka) menawa Sri Aji Rama Reghawa
sayekti berbudi-bawa leksana ; Janggiyeksa bisa dadi caraka ngangkat citra lan kuncarane
Sri Rama ing bebrayan sentana kraton Alengka
, kalebu Rahwana Raja sesembahane.
Ora amung kocape mbok bakul sinambi wara (ngomong) : Sri Aji
Rama Re-ghawa sanyata pancen Ratugung Binathara : Ora maringi pidana pati kang
murwat karo kaluputane, kepara maringi ‘urip
lan pangapura’ lan mas picis raja brana marang Janggiyeksa ;
Sang prajurit sejati ‘Janggiyeksa’ luwih sampurna darma kawulane
‘tewas’ ing tangan ratu gustine
amarga kanthi lugu & lugas , tanpa tedheng aling -aling wani matur & mbukak
sejatine kahanan.
Ngayogyakarta , 10 Nopember 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar