Tanpa
lelabuhanmu , tanpa daya Raga Sejati iki tumuli mati
Sira
dadi sarana wigati
saengga
sang aji Sari-sari Bumi
bisa
anerus mili , ing wit Raga Sejati
Tumeka
ing godhong , Sari Bumi karacik
kapanggang
kapanggang
dening dayane tawang , Nur lan Cahya
sang
srengenge
, rembulan , lan para lintang
Sari Bumi lan Sari Angkasa guyub nyawiji
Sarine
alam , kang sayekti daya Adikodrati
kang
anguripi uripmu priyangga , nguripi sato para
lan
manungsa kadang-kadangmu nunggal hawa
ngrawit – siningit ing bantala tinutup lemah , tan kasat ing netra
rina
lan ratri , sira ‘para oyot’ dhatan kendhat alaku darma
aparing
daya Raga Sejati murih kuat makarya
njaga tetep santosa , ora ambruk katerak ing coba lan prahara
Yogyakarta
, 25 - 05 - 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar