Minggu, 29 Juli 2012

SLAMET



Selawe njaluk slamet
tembung prasaja parikena ,
 tinemu ing brang wetan kana
tandhes ing rasa ,
krasa banget lamun rinasa
nunjem ing limpa ,
kang mireng ing karna

Tanpa tedheng , tanpa aling-aling
Tok-leh paring pepeling , murih eling
Eling ajine sedya kang ginayuh , lan
pangorbanan  ‘kersa angaji lelabuhane liyan’

ora gela
 tumrah kang bisa rumangsa ,
angobar duka
kang rumangsa bisa lan kuasa


Yogyakarta , 25 - 05 – 2010

(Gurit  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar