doh -
maewu jung lakumu
nrabas
, kabentus watu lan samubarang kang ana ngarep lakumu
babak
bundhas – tatu arang kranjang , menawa pana paningalku
mirsani
kasunyatan kang sinandhang dening ragamu
doh -
maewu jung laku darmamu , sayekti
anyebar
gawan dayamu , handayani urip ing bumi iki
run –
tumurun tumeka saiki
Sang Warih , sira ana lan tetep ana , wiwit sira cinipta dadi
doh -
maewu jung laku darmamu , sayekti
anjiwit
- anjimpit - anjumputi rereget , sesungker , sukertane bumi
kang
sira liwati , tumuli
kagawa
tumuju segara - samudra kang tanpa tepi
Kanthi dayane Surya , lamun katarima
ing
raga pinilih sira bisa rucat raga , nuli alenggah hawa
ndedel
dadi mega , ngantariksa katerak ing
samirana
ing
titi wanci , sira rawuh bali ing bumi netepi darma
Angasta
gawan resik , anyakrawati mbahudhendha
bali
nyenyuci bumi , paring berkah lan urip sagunge titah
nora
emban cindhe - emban siladan
datan
milih remong batik - lurik - utawi -
plekat
Yogyakarta
, 27- 05 - 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar