Minggu, 29 Juli 2012

AMBELANI

Sedumuk bathuk , sanyari bumi
kanti tuluse ati , wus rinungkebi
wutahe marus - tohing pati , linakoni
mbelani  aji  Ajine Bumi Pertiwi

Sadumuk bathuk , sanyari bumi
karana nguripi lan ngrejekeni
ndak kangkangi , ndak paiti - ndak dhuwiti
ndak belani , yen  perlu  sulaya  , nganti tohing  pati

owah gingsire kahanan , maju rejane bebrayan lan kabutuhan
eeee ……….. mbok menawa kang dadi jalaran
urip-pati-rejeki-jodho  ing asta Purbane Pangeran
wus ora dadi gaman lan gawan
 …….… tumuli lunga angedohi


Yogyakarta , 25 - 05 – 2010

(Gurit  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar