Minggu, 29 Juli 2012

SEKAR MELATHI


Melathi  , sira sun paringi makna  mele-lathi  ya kedale lathi
uga ngemu surasa mele-ati  ya swara ati kang setia asung pepeling suci

Sira  pantes dadi reratu suci , Ratune para sekar ing taman sari pertiwi
Ratu kang paring ganda arum  , angambar wangi sejati
warna wujud  putihmu , sayekti  anyengsem  daya suci
kang mirsani karana ngerti lan angupadi

eba eloke …….
Menawa putihe wujudmu lan kagunganmu ganda kang arum wangi
sinudarsana ing arume asma , kedale lathi , lan laku pakarti
nyantosani  ambangun ajine dhiri


Yogyakarta , 01 Juni 2010

(Gurit  punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar