Hawa
Dewi Regu , Prameswari Ayodyapala Nagri
Jejibahan
mengayu bawana , Sang Wisnu Bathara
manunggal
sajiwa lenggah maraga ing raga sejati
Sri
Bethara Rama Raghawa , caritane
Raga
– hawa – sesanggeman bebarengan nyawiji
Anyirep
dayane hawa , adi hawane sang Wisrawa resi
resi
mumpuni , bentus ing kawruh , emane tan kuat ing godha lan cobi
Godha
lan coba kang lenggah ing raga kenya sulistiya , Dewi Sukesi
Adi
hawa sang resi , ngrembaka ing raga raja tega
Dasamuka
Raga
kang kaileni getih alasan ‘Rahwana’ ,
anyebar hawa angkara
mrana-mrana
, ngambra-ambra ngemperi jagad ..Jagade
sapa? , Jagade manungsa , apa ing Jagad Wayang Purwa kewala?
Ngambra-ambra
, Sang Angkara sedya ngemperi jagad
Jagad
pakeliran Ringgit Purwa lan Jagade
manungsa sanyata
Wayang
Purwa , Kagunan Budaya Bangsa kang
banget miguna
aparing
suka lan sarana jalma ngilo kaca - angleluhur jiwa
Yogyakarta
, 02 Juni 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar