hana
caraka ’Abdi nagari’
sinumpah
prasetya nglenggahi agama suci ‘sagah -
sawega anjunjung laku utami ‘
sanyata
padha sulaya
rame
anyingkur ing lakutama
sami sawala
cidra ing janji ,
Prawiragung
Abdi Nagara ambuka warana ,sami anguda
laku cidra
angadu
lan ingadu kumba ….. tinarbuka mala lan
memalane bangsa
Pambaunge
sona lan sardula acindhe kartika
ngebaki
tamansari pertiwi lan angkasa Nusa Antara
kekes … tintrim ….
Sekar
setaman kang dhatan sawala anyebar ganda sami
angedi
Pertiwi , angadi arum endahe Negari ,
Amangun
‘ajine nagri’ , wewangunan ‘aji
luhungipun jalmi’
kekes
… tintrim ……
kasaput
ing suasana kingkin
apa
iya titiwanci wus nekani, kabeh kuwi kudu dumadi
aNgungak
Mekare Jagad Anyar
Yogyakarta
, 07072010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar