Ing
wayah bengi , aku mbudidaya ora nyaketi sliramu
sliramu
lan kadangmu kang padha sayah lan kesel
kesel
ragamu , ngayahi kodrat laku darmamu
Ing
wayah bengi , menawa aku nyaketi sliramu
aku
lan sliramu sakadang , sanyata bakal rebut menang
rebutan
daya* , kang kanggo mulihake daya* lan kekuatanmu
Daya
kang nedya sira aturake , ing wanci rina candhake
marang
aku lan para kadangku nunggal hawa
kang
samya nunggu asil olah kridhamu , para tetanemane
alam
, kang agawe seger ayom lan ayeme suasana
Sira
agawe ayome kahanan lan ayeme suasana
ing
wanci siang , sesuker kang mijil saka ragaku
, lan
sarine bumi , kabiyantu sunare surya
ndaru kartika
sira
olah dadi mustikane hawa* kagem sliraku
Yogyakarta
, 30- 05 – 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar