Trihawa
: Rama Reg(u)hawa
,
Pand(u)hawa
,
Kur(uh)awa
babon
tuk-sumbere carita kang ginelar lan kababar
ing
pakeliran ringgit purwa , kairing trilaras swarane gangsa
larase
jalma ngilo ing kaca , laras wujud
sejati lan wewayanganira
Pindha
jalma ngilo ing kaca , mulat sarira - wani angrasa
Rasa
sir andhudhah piwucal lungit lan werit
siningit
piningit ing ringgit ‘sarine anggit’
mrabawa lelakon , kang tumuli ana lakon , lan cinarita ,
nem -
sanga – lan - manyura , tri laras pinathet anguripi rasa ,
jumbuh sipat lan tatarane yuswa lan jiwa
Bayi-bocah lan
mudha-tumaruna pinathet laras ing
nem lan sanga
Patet
manyura merbawa rasa menep ing
pungkasane carita
Jalma
samya ngilo ing kaca ringgit purwa
Golek
manyura , kaparaga andhisiki tanceping kayon
asung
sasmita golekana makna , nuli goleka guna lan gawan
sadurunge
tancep pupuse kekajengan
datan
getun keduwung ing tembe-kanane , karana purnane lelakon
Yogyakarta
, 30 Mei 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar