Alim-
alim pulasan , njaba putih ing njero kuning sayektinipun
wadon
nir wadonira , prawira nir ing ksatriyanipun
becik
sethitik , ala saara-ara
cetha
, ngegla tinarbuka ing wanci punika
Pager
gung , Pangembat Luhur
luhur
ing palenggahan lan agung ing sesanggemanira
sanyata
sami selak lan nyelaki prasetyanira
ing
ngarsa , ambangun teja suwerna
ing
madya , angraket mitra saiyeg alaku cidra
tut
wuri , ndayani lan angayomi ‘laku nguras bandha negara’
Becik
sethithik , nadyan sethithik ana lan tetep ana
ra
ana peteng kang bisa anyirep pepadhang
padhang
kang anggelak peteng .. prayogane samya.
eling
menawa lali – nepsu – lan – apes dunung ing manungsa
Petenge
ati .. mbok menawa lali lan nepsu kuncara kang amarbawa
lan
apes kang lagi nekani , nuli kawiyak sagunge wewadi nistha
nDilalah
Kersaning Allah ,sabegja-begjane kang lali luwih begja
kang
eling lan waspada
Yogyakarta
, 01072010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar