Nyleneh
seje karo liyane , ora lumrah panyuwunane
Kepara
nora ana tunggale , ing caritane
Pamundhutan
kang abot sangga , sanggan , lan
sanggemane
Nyuwun
anitih lan anitihi Lembu Andhini , titihan suci lan singgasana
Sang
Hyang Manik Maya , Reratu dewa durandara tridasa watak nawa
lumantar
keng ibu , kang lagi ngidham kawoworan
Witeng
lan Tangsen , Pusaka Asma kang sinandhang
kembar
kemanikan wuragil Pandhu putra
Ksatria
– Narendra pangembat praja Kraton Hastinapura
Babad Alas wingit Wanamarta , Kraton Alus
Indraparahasta tinarbuka
Witeng – Nang Kula
, manunggal sajiwa ana aku ’nangkula‘
Tangsen
– Sa Dewa , jumbuh manunggal nyawiji ’sadewa’
Tangkep
wadhah lan isi , nyantosani raga lan jiwa
Yogyakarta
, 30- 05 - 2010
(Gurit punika sampun kapacak (kamuat) wonten ing
Majalah Basa Jawa Djaka Lodang Yogyakarta)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar