MANUK GAGAK dasa namaku
ireng cemani ‘warna wuluku’
wus angel banget ’aku tinemu’
tinemu mabur muter ‘ing tengahing bebrayanmu’
Aku
‘sengkut saba’ ambudi daya , nedya
nyamber kuthuk2 cilik ‘kang tanpa daya’
kepara ora pa2 ‘anemu bathang’
kang binuwang tanpa guna
Sanyata ‘angel banget tinemu’ panganku
berkah ing ‘madyane bebrayan iki’
agawe ‘kogel lan keselku’
lan ‘mangkel bebrayan agungku saiki’
Sanyata
‘rejane jaman’ lan ‘majune kapinteran’
Kuthuk2 cilik
‘berkahku’ wus pinager kuat
ing pager-pager ‘waja
kulawarga’
ing pager waja ‘kulawargane kewala’
Sagunge
‘bathang’ kanggoku
kang kabuwang kudu dening
sliramu
ing ‘madyane bebrayanku’
‘tanpa wayah lan ora kenal
sayah’
‘isih jinarah rayah’ angangah-angah tanpa welas lan wegah
Balung
kebak daging lan isi , sinurung ati kang angrenani
‘berkah - amanah’ kang angemu aji lan
pangaji
Kinekep lan kinukup ing kronimu
sami
datan wigih areringa ‘kinorupsi
wani’
DHANDHANG
lan PANGANKU , manunggal ing laku nyawiji
manunggal ing aku , nyawiji ing lathi - nurani - pakarti - lan - bukti
ora ing ‘ephoria janji - janji’ ,
ora amung ing wanci ‘sumpah
suci’ alandesan kitab suci
aku DHANDHANG lan
PANGANKU
DHANDHANG lan
PAMBENGOKE SUARAKU
aku PAUGERAN ‘KANG ALUM’
PAUGERAN ALUM ing ‘BEBRAYAN KANG ALUM’
BEBRAYAN
ALUM ing ‘TAMAN ASRI KANG ENDAH-EDI’ ing
UNI
aku BEBRAYAN AGUNG kang ketaman JAMAN EDAN sayekti
BEBRAYAN kang
sarwa ewuh-aya ing pambudi amenangi JAMAN
EDAN iki
Ing ‘bonbin’
aku kinurung angker …………………………………….………………… tenger2
Ing ‘dhongraja’ lan ‘bonraja’ aku rapet sinengker ..……….……………... k e l e n g e r
eling - waspada
- prayitna
prayogane padha……!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!
sabegjane ‘kang lali’
luwih begja ‘KANG ELING-WASPADA-PRAYITNA’
Tidak ada komentar:
Posting Komentar