Jumat, 18 Mei 2012

AYANG - AYANG


Aku ngagem busana warna abang
katon ireng ayang-ayangku
batik – lurik agemanku
uga ireng ayang-ayangku ,
sarwa ireng warnane ayang-ayang
aku mangiwa , mangiwa uga ayang-ayangku
Ayang-ayang  , sira ana lan dumadi
Menawa tuk pepadhang , ayang-ayang , lan wujud sejati
 nyawiji ing garis maya , kang sejatine ana
Garis maya kang momot sunar - cahya - lan - daya
garis maya kang momot ’nur lan cahya’
kang kaserot , kaemot lan kamot ing wujud sejati
Lamun tuk pepadhang sirna
sira , ayang-ayang datan ana - ilang musna
lan menawa wujud sejati ora ana
sira , ayang-ayang uga ora ana
anamu  gumantung ing ’wujud sejati lan sumber pepadhang’
embuh masa bodhoa , aku ora perlu nggraita !
aaaaah ……..   mosok iya ……….
Iku , gegambaran maya  ’isi-wadah-papan’
GUSTI  ……..  GUSTI-Gusti  ……  Gusti-Kawula
manunggal ing nyawiji , padha-padha merbawani
Gusti butuh kawula lan kawula tanpa Gusti embuh apa kang dumadi
                
MAGUWOHARJO-060209

Tidak ada komentar:

Posting Komentar