mBanyu
mili , kanthi ajeg nekani
Esuk-awan-sore-wengi , bali esuk-siang-sore-ratri
mangkono sejatine kang dumadi
Dudu wektu lumaku, kanthi ajeg nekani …………
….
bumiku
- bumimu – bumi kita – bumi MU
anyakra panggilingan munyer anyipta sira
’sang wektu’
mbanyu mili kanthi ajeg nekani sagunge dumadi
Sagunging dumadi adil warata antuk
kanugrahan MU
Adil antuk panase srengengeMU
Adil antuk sunare suryaMU
Adil antuk dayane baskaraMu
Yekti
’Panjenengan Maha Adil’ anggesangi dumadi
Nadyanta
panas- sunar-dayane Sang Bagaspati ora anekani ,
katutupan
mega , mendhung …. lan liyane
sliramu tetep setya lumaku
‘Adile Sang Murba Dumadi’ tetep ana lan setya nekani
sang wektu sayekti
Kanungrahan Panjenengan Hyang Widi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar