Pangripta

Pangripta 
       Pangripta      , minangka Pangripta
aku dadi caraka    :   dinuta sang  cipta lan rasaku sejati
kang sanyata , sami datan bisa kandha kanthi kedale lathi
aku diminta sang cipta , dinuta  sang  rasa
supaya  mranata  lan anggandheng aksara
dadia reriptan ukara kang ngemu surasa ,
kasat mata , bisa kawaca , lan bisa kandha

Panggraita
Sapa aku ? pitakonku marang sliraku
Sapa aku , gumantung ana ing wektuku
Ing sadengah papan ,
Nalika aku nulis , aku sinebut juru tulis
Nalika aku lagi adang , aku dadi juru dang
Samangsa aku maca , aku dadi panggraita
Rasaku anggraita rasa , Ciptaku lelana amiyaki  rasa
Rasa kang sinirat ing tulis kang sinerat
Anggraita murih trep lan laras ing rasa
Rasamu  lan  rasaku ,   Pangripta  lan  Panggraita